nglumpukake kembang setaman
nambah wangi raga kang dieman
supaya ngresep sakjeroning ati
wangi raga, wangine ati, lebur dadi siji
tresnaku madhet marang sliramu
trima kaliren ngenteni esemmu
lali mangan, lali dandan, lali turu
ngarep-arep kelebating wewayanganmu
ngabangeke waru warna biru ...
duh kangmas pujaning atiku ...
abang irenge srengenge sineksen dening mripatku
pahit asinne donya wis dadi sandhanganku
sing tak jaluk aja mung ucap ulatmu
katresnan sejati ora kaya dolanan golekan kayu
disekseni kerlip kemayu lintang sewu lan endahing cahya rembulan
sliramu ngucap janji setya tuhu, ngenteni tekaku ... urip nyawiji .... nganti tumekaning pati

No comments:
Post a Comment